Tradisi
Golok-Golok Mentok ing Kudus
Maysita
Christy Pramandari
Program
Studi Bahasa dan Sastra Jawa, Universitas Negeri Semarang, maysitatata@gmail.com,
089605241214
Kata kunci : tradisi,
golok-golok mentok, maulid nabi, kudus
ABSTRACT
Tradhisi Golok-golok mentok yaiku
tradhisi turun-temurun sing ana ing daerah Kudus, Jawa Tengah. Tradhisi ini dilakoni
kanggo mengeti dina Maulid Nabi Muhammad SAW. Tujuane yaiku supaya luwih tresna
marang Nabi Muhammad SAW lan kanggo nambahi iman lan takwa marang gusti Allah
SWT. Babagan sing dianggo bahan penelitian yaiku 1. Masyarakat 2. Prosesi 3.
Tujuan. Tradisi iki iseh dianakake ana ing separo desa ana ing Kudus. Babagan
sing perlu di undhakake yaiku nambahi minat para warga kang ana ing Kudus kanggo
melu nglestariake budaya sing ameh ilang iki. Sadare para warga kanggo melu
nglestariake budaya asli kudus diundhakake, uga kebijakan pemerintah sing melu
nglestariake budaya asli Kudus. Yen babagan iki iso kewujud, budaya golok-golok
mentok bakal diwariske nganti turun-temurun ora wedi katut arus globalisasi.
PENDAHULUAN
LANDASAN TEORITIS
Golok-golok
mentok yaiku tradhisi masyarakat muslim, padha ngumpul ana ing masjid utawa
musholla kanggo mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW. Tradisi iki umume dilakoni bocah-bocah
wadon sing padha gawa keranjang cilik (nanya)
sing digawe saka pring lan diwenehi pewarna abang lan ijo. Nanya biasane diiseni beras ketan sing dhuwure diwenehi srondeng utawa
abon. Ana uga sing ngisi nanya karo sego
kering, sego gudangan utawa jajanan pasar. Golok-golok Mentok duweni lagu sing
khas, lagune kaya ngene, “golok-golok menthok, selametane bocah wedok, cah
lanang, ra entuk njanthok, nek njanthok udele ketok”.
Miturut teori, nanya sing gawa lan
sing oleh ngijolake mung bocah wadon wae, nanging kasunyatane bocah lanang oleh
gawa nanya lan ngijolake karo liyane.
Pas acara wis mulai, siji bocah gawa nanya
kurang luwih 4-5 nanya banjur digawa
ing masjid utawa musholla lan dikumpulake dadi siji kanggo didongani karo para
sesepuh. Banjur acarane wis bar, nanya sing
digawa oleh diijolake kanggo nanya liyane.
Golok-golok Mentok sejahtine duweni niyatan supayane masyarakat utamane bocah-bocah
luwih tresna marang agama islam lan ileng laire Nabi Muhammad SAW.
METODE PENELITIAN
A. Hasil
Observasi
1.
Papan panggonan lan wektu
Penelitian iki dianakake ing Perum Sumber Indah 1 Desa
Tenggeles. Wektu penelitian dianakake, 3 Januari 2015 jam 17.00 nganti 19.00 WIB.
2.
Populasi
Populasi ana ing penelitian yaiku
masyarakat Perum Sumber Indah 1 Desa Tenggeles. Jumlahe kurang luwih 120 wong sing
melu partisipasi ana acara Golok-golok mentok. Kanggo kyai ana 5 wong sing
ditugasi mimpin donga, barjanji, lan kirim donga utawa yasin tahlil.
3.
Pengambilan Data
Dokumentasi dianggo
nambahi instrumen angket karo dudohi data ana ing lapangan sing wis ana.
Dokumentasi ana ing penelitian iki yaiku dokumentasi Golok-golok mentok.
4. Pembahasan
Saka penelitian sing wis dilakoni, wenehi
kesan sing positif kanggo masyarakat muslim. Para masyarakat antusias banget melu
acara Golok-golok mentok, sing utama bocah-bocah umur 5-10 taun. Golok-golok
mentok yaiku tradhisi sing duweni akeh sisi positif, yaiku :
-
Silahturahmi
Sak liyane kanggo mengeti acara Maulid
Nabi Muhammad SAW, masyarakat uga bisa padha silahturahmi. Masyarakat bisa
ngakrabake awake dhewe marang bocah-bocah, nganti wong tuwa. Babagan iki isa
gawe masyarakat ing daerah kuwi padha bisa menghargai lan ngurmati wong liyane.
-
Nambah Iman lan Takwa
Masyarakat
sing melu acara lan sing melu nglestariake tradhisi bisa nambahi iman lan takwa
marang gusti Allah SWT, lan luwih tresna marang Nabi Muhammad SAW. Babagan iki
bisa positif kanggo masyarakat muslim, utamane
kanggo bocah-bocah sing lagi padha nata masa depane.
-
Nglestariake Tradhisi
Kanggo
nglakoni tradhisi iki nganti sregep lan diwarisake marang anak putune, tradhisi
bakal terus dianakake nganti ora wedi yen besuk bakal katut karo arus
globalisasi.
PENUTUP
Golok-golok
metok yaiku tradhisi sing dianakake tiap taun pisan kanggo mengeti dina laire
Nabi Muhammad SAW. Tradhisi iki duweni tujuan supayane masyarakat bisa luwih
tresna marang Nabi Muhammad lan nambahi iman lan takwa marang Allah SWT. Bocah-bocah
uga melu nglestariake tradhisi iki, amarga umume bocah-bocah sing gawa nanya, banjur didongani karo para
sesepuh ning daerah dhewe-dhewe. Banjur diijolake karo nanya sing liyane.
Tradhisi
Golok-golok mentok ing daerah Kudus isih mlaku nganti apik. Nanging merga anane
globalisasi, tradhisi iki saya suwe saya ilang. Babagan sing kudu diundhakake
yaiku nambahi minat masyarakat Kudus kanggo melu nglestariake budaya sing ameh
punah iki. Sadare masyarakat kanggo nglestariake budaya asli daerah kudu diundhake.
Iya uga pemerintah sing kudu melu andil ana pelestarian budaya asli daerah
Kudus. Yen babagan iki iso mlaku, budaya golok-golok mentok bakal bisa
diwarisake nganti turun-temurun nganti ora wedi katut arus globalisasi.
SARAN
Tradisi
Golok-golok mentok yaiku warisan nganti turun temurun. Muga-muga generasi
penerus isa melu nglestariake lan ngrameake acara Golok-golok mentok supaya
bisa dikenal karo wong liyane, yen Golok-golok mentok iku tradhisi unik sing
asale saka Kudus, Jawa Tengah.
DAFTAR PUSTAKA
http://www.majalahopini.com/2015/03/19/golok-golok-menthok-kearifan-lokal-yang-tergerus-zaman/
http://www.kompasiana.com/srisubekti_astadi/golok-golok-menthok-tradisi-peringatan-maulid-di-kudus
Tidak ada komentar:
Posting Komentar