Anggitanipun abdi-dalem Kyahi
Ngabehi Yasadipura.
Sekar Maskumambang : 52 pada.
- /Timbuling tyas anenggih satriya adi, dennyalul lalona, mamerdining tyas mrih ning, namur kula jajah wana.
 - Apaparab Makmunuradi Salikin, mudha among brongta, wayahe satriya brangti, bongsa-rab kawijilannya.
 - Aneng Ngarga Sonya manekung mahening, sabat loro nama, Iman Tokid datan kari, subrongta mamati raga.
 - Semadinta Rahaden upamaneki, kadyangganing wong kang, ngagar dahaneng wanadri, yen amber pamususira.
 - Mring pangagar sayektine datan mijil, kukus genenira, mangkona ciptanireki, risang Mudha Among-brongta.
 - Sun semadi lamun leledaa mami, mongsa ta bisaa, pamoring badan suksma ning, marma sanget gentur tapa.
 - Pan tinata saking tarekat tinarik, pamu/jining Suksma, wit sarak tata krameki, anut ing jeng Rasullulah.
 - Pan anembah amuji tatakrameki, kang kampiring ngarga, langkung dennya mati ragi, sang ibu raja pandhita.
 - Wus angangkat mancal lam laut kang ngening, amanthengi cipta, mendeng ing panunggal neki, maring sajatining ana.
 - Anggung pana ing dating Hyang Suksma-jati, mati jroning gesang, sirna sajroning aneki, liwing gaib sampurnanya.
 - Upamane sembah ing manusa kadi, lir kayu kang medal, dahana ingkang kinardi, kang mongka kayu Hyang Suksma.
 - Kang mongka geni sembah ing manusa jati, pan datan kawasa, anembah lawan amuji, lamun tan ana sih ing Hyang.
 - Kadyangganing sembah ing manusa jati, menyak ingkang medal, saking wong ngamuter singgih, dening ta ingkang minongka.
 - Wong ngamuter padaning Hyang Suksma-jati, kang ngupama menyak, manuswaning Hyang kang Lewih, pangastutinya sang Brongta.
 - Ing Hyang Suksma byapi byapaka lir / neki, kang byapi wiseka, liring kang byapaka malih, kang datan wisesa punika.
 - Inggih sangking Hyang Suksma kang Maha Lewih, pan sarining cipta, kang amisesa sayekti, pan datan amor ing ganal.
 - Datan amor ing alit kalawan malih, tan amor ing ala, ayu marma mangkoneki, dene ta Hyang Maha Mulya.
 - Langgeng kang ngakarya rat pramuseseki, apan atineka, urip ingkang manuseki, langgenge lan tekiyurnya.
 - Pan saking Hyang Suksma kang Ngamurbeng bumi, sangkane ulihnya, ing ngawal praptaning ngakir, tan lyan saking Hyang Wisesa.
 - Sembah pujinira Sang Mudha Mong-brangti, yen upamakena, lir wulan memba madyaning, ngawiyat tumameng wadhah.
 - Titiga kang sawiji isi her wening, kang kapng kalihnya, isi toya letuh singgih, tanpa isi kaping trinya.
 - Wawayanganing wulan kang tumrap warih, kang wening yektinya, tetela warnaning sasi, kang memba ing to/ya buthak.
 - Yekti bawur kang wulan bunar ing-aksi, sasi ingkang memba, mring wadhah kang tanpa isi, sayekti suwung tan ana.
 - Wawayanganing wulan ingkang pralambi, apan ing dumadya, punika kanyatahan ing, Hyang Suksma ingkang tumiba.
 - Toya wening tegese ingkang sujanma-di, ingkang raharjeng tyas, netepi pangabektyeki, mring Allah kang murbeng jagat.
 - Kang tumiba ing toya letuh upami, ya manusa ingkang, rago-rago tyasireki, arep tan arep ya marang.
 - Kapenedan ywan manusa kang nibani, wawadhah kang sonya, kang mungkur ing Sukma-jati, kang ngarepaken hawanya.
 - Amaregi ing pangan turu tan ening, sahwate ywa towang, anandhang nganggo ywa kongsi, kurang ing sadinanira.
 - Kang mengkono lir sato angganireki, sato mani lirnya, tegese kang sato mani, sato kang wenang pinangan.
 - Karantene dumadi tan kadya kang ning, kang ngolah nestapa, a/yoga brata semadi, pangastutinya sang brongta.
 - Kasatriyanira den-eberken ngarsi, lampah kapandhitan, sinamar tuhu piningit, dhasar satriya lalana.
 - Apan tuhu nugrahaning Hyang kang prapti, genturaken tapa, nir cipta ening pamor ing, yeku jatining manusa.
 - Sayogya tuladen kang ngalul brateki, wonten kang satengah, manusa tan nestapeki, tanpa potang ing Hyang Suksma.
 - Ngentha-enthu jaluk kamulyan kamuktin, kasugiyan lawan, kasekten kamulyan pinrih, mring Hyang yekti tan tinekan.
 - Paran madya dinulura sasedyeki, tan semadi brata, tan nimbangi sih ing Widdhi, tan nyegah pangan turunya.
 - Pamintanya asru malah sangsayeki, dening tatan nyegah, raja tamah den-jurungi, yen sirarsa bek utama.
 - Dipun-mantep anetepi nastapeki, Mudha Among-brongta, ngandika mring sabat kalih, babadana gunung raga.
 - Pan sandika tur ing paliwara kalih, Makmunuradi Sa-, liki/n kang wiwit rumiyin, ambabadi gunung raga.
 - Gunung ing tyas mega mendhung anglimputi, ametengi jagat, punika kang den-babadi, resike lan panarima.
 - Den-babadi ing puji dikir lan tasbih, winatuning tobat, tighapar tan kena lali, binubutan lawan donga.
 - Saponana toya wulu den-baresih, apacul tawekal, linggise mangsuding ati, wangkil taberi ing lampah.
 - Raregede binasmi ing salad daim, rareged wus sirna, gagane Mudha Mong-brangti, atulus wus winiwitan.
 - Sinimpenan maksut marang gedhong ngosik, gunung wus apadhang, mega mendhung wus kaeksi, kang ngarga katon anglela.
 - Kang pinethot Makmunuradi Salikin, sadasa prakara, anenggih kang den-dhangiri, witing ngilmu lawan lampah.
 - Panarima winatun rahina wengi, lawan witing tapa, witing ngamal wi/ting ngurip, witing pati kang rineksa.
 - Witing salat punika kang den-tunggoni, lawan witing swarga, punika kang den-simpeni, witi[ng] naraka rinusak.
 - Wus mardika sampun tumeka ing pati, patitising tingal, baita kamot jaladri, sarahe anungsung toya.
 - Iman Tokit kang sinandhang rina wengi, wawangkil kewala, ki Tokit angagem linggis, asandhangan wektu lima.
 - Iketipun wektu subuh datan gingsir, wektu luhurira, ingkang minongka kulambi, nyampingipun wektu ngasar.
 - Mung sabuke punika wektu maherib, keris wektu ngisa, calanane winal-witri, rakatal-witri kasutnya.
 - Sebe alus jamak kasram takdir takrir, wau tasbehira, sunat mashur kang respati, ngalam nasut linayaran.
 - Dening Raden Makmunuradi Salikin, ingkang linayaran, ngalam laut ingkang wening, wus prapta unggyan mulyan.
 
Kapethik saking Serat suluk jaman
karaton-dalem ing surakarta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar