Anggitanipun abdi-dalem Pangeran
Sastrawijaya.
Sekar tengahan Gambuh Ketawang : 9
pada.
- Kawruhana jenenge sa/lat kang nyata, kang kariyin ing-aran salat Jumungah, iya iku bubuhaning sembah raga, salat kajat iku sembahe tyasira.
 - Salat daim sembah ing roh mring Pangeran, lawan salat ismu ngalam kawruhana, iya iku bubuhaning sembah rasa, sakalire jumeneng aneng manusa.
 - Tertibipun kabeh iku kawruhana, jasadira roholah den-kawruhana, sadayane puniku aneng nging sira, lapalipun puniki ing-ucapena.
 - Al ‘insanu siri wahana sirahu (?), nyataning dat puniku nyataning sipat, nyatane roh asmane ati sejati, nyatanipun apngallolah iku jasat.
 - Apan sira dadya warananing suksma, poma-poma aywa kerup sanak ing wang, sapa wonge angulati ing pangeran, nora liyan aneng dhirine priyongga.
 - Yen muhunga mring sariranya pan sasar, iya iku sabdaning nabi kang nyata, lan sing sapa arsa wikan ing sarira, sanyatane dadi wikan ing pangeran.
 - Iya / iku kang ngarsa wruh dipun-nyata, lan sing sapa kang wikan maring sarira, dadi wikan wong ngiku maring pangera, kang satengah ana lapal kang mangkene.
 - Al ‘insanu naskatu aki dalilnya, maknanipun manusa tandhane ekak, tersandhane puniku patang prakara, ingkang dhihin puniku tandhaning edat.
 - Kaping kalih puniku tandhaning sipat, kang kaping tri ya apengaling manusa, ping sakawan obah osik saking Ngallah, rasaningsun iya rasaning manusa.
 
Kapethik saking Serat suluk jaman
karaton-dalem ing surakarta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar