Jumat, 13 November 2015

dongeng : Kancil Lan Baya



 

            Ing sawijining dina, Kancil lagi luru-luru panganan ana ing alas. Nanging merga musim kemarau, panganan ing alas padha entek kabeh. Kancil dikandani Wedhus yen ning sebrang alas ana alas sing durung kejamah kewan liyane, lan panganane iseh akih. Banjur ora mikir dowu, Kancil mara ing sebrang alas.
          Sak wise tekan pinggir alas, dheweke weruh woh ace sing pating gemandhul abang lan padha tibo ing ngisore. Angel kayane Kancil nyebrang alas kuwi amarga dipisahke karo kali, lan jerone kali ana Bayane akih. Dhelok Kancil ana ing pinggir kali dadike para Baya seneng lan ora sabar mangan Kancil.
          "Woi Kancil, ngapa kuwe ning kene? Pengen mati ya? Hahaha" Baya padha geguyonan.
          Banjur Kancil mikir sedhiluk supayane iso nyebrangi alas kuwi. "Oh iya," ngomonge Kancil ana ing jero atine.
           "Iya baya, awakku wis siap mbuk pangan kuwe ki." 
           "Wahhhh tenan opo ora iku?" 
           "Tenan Baya, aku wis ora iso nemu panganan ana ing kene. Timbang aku mati merga ngelih mending aku mati mbuk pangan wae ta."
            "Yawes to age rene ndang nyemplung aja ing pinggiran kali."
            "Lho mengko sek ta, diitung ana pira disek Baya-baya ning kene, ben entuk dagingku kabeh. Soale awakku kan cilik."
           "Nanging aku lan kanca-kancaku ora iso ngitung Cil, piye?" Ngomonge Baya.
           " Ngene wae, aku tak sing ngitung kuwe kabeh sing baris memburi."
           "Yawes ngono wae, ayo do baris!"
           "Oke, padha anteng kabeh ya. Tak itunge saiki." Kancil mencolot ana ing sirahe Baya.
           Ngitung karo mlaku ana ing dhuwure Baya-baya, "1..2..3..4..5..6..7.."
           "Piye cil?" 
           "Ooo ana akeh, ana 7 baya sing gagah perkasa"
           "Trus kapan aku mangan awakmu?"
           "Hahaha ora bakal! Kuwe baya padha tak apusi kok gelem ya ya, hahaha"
            "Kancilllllll! Awas yo kuwe!" Nggembore Baya sing jengkel karo Kancil.
            Akhire kancil iso lolos saka Baya lan urip tenang saklawase.
           
             

dongeng : SI KANCIL NYOLONG TIMUN


       gambar : tunjungbudiwati.wordpress.com
 
          Ing sawijining dina, Kancil lagi leyeh-leyeh ana ing ngisor wit ringin. Saya suwe, Kancil saya ngantuk. Pas arep turu, Kancil malah kegugah karo swara bantere Kebo sing lagi ngundhang dheweke.
          "Kancil...o Kancil!"
          Banjur si Kancil tangi karo mripat setengah merem.
          "Hmmm... ana apa?"
          "Aku nemu panganan enak Cil. Ana ing sebrang hutan. Wahhh warek tenan aku Cil." Karo nyekeli wetenge.
           Kancil mung ngremehke tok, "Ah aku ora percaya."
          "Lho tenan kok Cil, nek gelem ayo tak jak mrono, tapi kudu ngati-ngati soale ana wong sing duwe."
           "Ah wegah, ono wong sing duwe ngko nek aku dicekel piye? Ah mendingan turu wae."
           "Lho yo aja nyolong ta, ngomong karo Pak Tani."
           "Hmmmmm." Kancil ora dungu ngomonge Kebo lan nglanjutake turune.
           "Hmmm yawes nek ora gelem." Kebo ninggal Kancil.

          Tangi-tangi, wetenge Kancil muni, "Krucukkkkkkk." Banjur Kancil tangi arep golek panganan. Nanging, panganan ning alas wis entek kabeh. Ngalor, ngidul anggone Kancil goleki nanging ora ketemu babar blas. Delalah, Kancil kelingan karo omongane Kebo yen ing sebrang alas ana kebon sing nanem panganan enak. Ora mikir dowu resikone apa, Kancil langsung mara ana ing sebrang alas.
          Banjur wis nyebrang, dheweke weruh akeh omah-omah lan ning sandhing omah-omah kuwi ana kebon. Mripate kancil langsung ijo weruh timun gedhi-gedhi pating gemandhul ana ing kebon  kuwi. Wis amarga ngempet ngeleh, Kancil ora mikir dowu langsung mlayu nuju kebon. Nanging, "Aaaaaaaaawwww," merga ora ngati-ngati Kancil keperangap ana ing jebakan sing digawe Pak Tani. Dheweke jerat-jerit karo jaluk pitulungan nanging ora ana siji-sijia kewan sing dungu. Kancil mung iso nangis tok.
          Isuke Kebo mara ing kebon kuwi lan weruh Kancil sing lagi kejebak ana ing kebone Pak Tani. Kebo mung iso guya-guyu tok amarga Kancil ora gelem ngrungokake omonge Kebo.
          "Kuwi akibate ngremehke omongane wong, lan nyolong sembarangan wae. Ora ijin marang Pak Tani, saiki rasake dhewe to."
          "Huuuuhuuuu Kebo, aku jaluk ngapura, aku janji bakal dadi luwih apik."
          Banjur Kebo ngeculke Kancil sing awake kekurung ana ing perangkape Pak Tani lan ora bali  nyolong timun Pak Tani maneh.

SINOPSIS TIMUN MAS


          

                                               gambar : www.dongengceritarakyat.com


          Bien ana randa tuwa sing urip dhewekan ora ana sapa-sapa. Dheweke lunga ana ing alas nemoni Buto Ijo lan jaluk kepengen diwenehi anak. Banjur diwenehi timun sing jerone bocah bayi, karo Buto Ijo. Nanging Buto Ijo ngomong, yen anak kuwi wis genep 17 taun, Mbok Randa kudu wenehno bocah kuwi lan arep dipangan. Akhire Mbok Randa gelem lan ngopeni bocah kuwi nganti gedhe. Bocah wadon kuwi dijenengi Timun Mas. Mbok randa sayang banget karo Timun Mas, lan Timun Mas uga sayang karo Mbok Randa. Nanging Mbok Randa wedi yen pas umure Timun Mas wis genep 17 taun, dheweke kelangan Timun Mas lan urip dhewekan meneh.
          Banjur umure Timun Mas wis 17 taun, Timun Mas dikandhani karo Mbok Randa yen uripe saiki lagi cilaka. Banjur Timun Mas dikon mlayu cepet-cepet ana ing alas karo gawa timun, dom, lan trasi. Let sedhiluk Timun Mas lunga saka omah, Buto Ijo mara ning omahe Mbok Randa. Dheweke mara nageh janjine sing arep ngwehna Timun Mas. Karo wanine, Mbok Randa ngomong yen dheweke emoh ngwehna Timun Mas amarga Timun Mas kuwi anake Mbok Randa. Buto Ijo ngamuk banjur goleki Timun Mas ana ing omahe Mbok Randa. Nanging apese, Buto Ijo ora nemu Timun Mas ning kono.
          Ora pati suwe dheweke anggone golek banjur Buto Ijo tapa ana ing omahe Mbok Randa, banjur delok Timun Mas sing lagi mlayu ana ing alas. Karo mlayu banter Buto Ijo langsung mlebu alas ngoyak Timun Mas. Ngerti yen kahanane wis dingerteni Buto Ijo, Timun Mas langsung nguncalke timun sing diwenehi Mbok Randa mau, lan dadi wit timun sing akeh banget. Buto Ijo kejebak ana ing wit-wit kuwi, nanging dheweke isa lolos. Timun Mas nguncalke jarum, lan dadi wit-witan sing akeh ri-rine. Buto Ijo kejebak karo jerat-jerit amarga lara kena ri-ri sing nujep awake. Amarga ora gelem kalah, Buto Ijo nekat nebas wit-wit kuwi nganggo tangane nganti iso lolos. Timun Mas banjur nguncalke trasi, lan dadi laut. Buto Ijo banjur kejebak, kelep ana ing jerone lan ora iso lolos maneh. Timun Mas lan Mbok Randa akhire selamet lan urip tentrem selawase.

Kamis, 12 November 2015

SINOPSIS BAWANG MERAH DAN BAWANG PUTIH

          
 gambar : www.youtube.com

          Mbok Randa duweni anak sing jenenge Bawang Merah lan Bawang Putih. Biyen pas iseh ana bapake, Bawang Putih karo Bawang Merah lan Mbok Randa urip rukun. Nanging kabeh wis ilang pas bapake wis seda. Mbok Randa lan Bawang Merah senengane nyiksa Bawang Putih, kayata dikon masak, blanja, nyapu, umbah-umbah, ngepel, ngresiki omah kabeh dilakoni karo Bawang Putih. Senajan Mbok Randa lan Bawang Putih jahat karo dheweke, Bawang Putih tetep sabar lan nrima nganti ikhlas wae.
          Ing sawijining dina, Bawang Putih umbah-umbah ana ing kali. Nanging pas umbah-umbah, klambine Mbok Randa katut kegowo arus kali. Wedi yen dheweke diseneni ibune lan diusir saka omah, banjur Bawang Putih nekat luru-luru klambine ibune sing kegowo banyu kali mau. Saben wong sing ana ning cedhak kali ditakoni, weruh klambine ibune apa ora, ning ora padha ngerti. Bawang Putih ngetutke arus kali mau nganti ketemu karo mbah-mbah, jenenge Mbah Parni. Mbah Parni weruh lan wis jupuk klambine kuwi amarga klambine Mbok Randa apik kanggo dheweke. Bawang Putih nyoba ngrayu-ngrayu mbah kuwi nganti gelem ngwenehi klambine Mbok Randa. Akhire Mbah Parni gelem karo sarat, Bawang Putih gelem ngresiki omahe. Karo ati sing seneng, Bawang Putih gelem nrima sarat kuwi.
          Akhire Bawang Putih wis rampung ngresiki omahe Mbah Parni. Banjur Mbah Parni ngwenehi klambine Mbok Randa lan Bawang Putih dipeksa kon gawa waloh. Bawang Putih dikon mileh waloh sing gedhe apa sing cilik. Bawang Putih milihe sing cilik. Banjur Bawang Putih pamitan karo Mbah Parni lan mulih ana ing omahe.
          Tekan omah, Bawang Putih diamuk-amuk karo Mbok Randa lan Bawang Merah amarga muleh nganti wayah bengi lan gaweyan omah durung bar kabeh. Ngerti yen pas kuwi Bawang Putih gawa waloh, Bawang Merah langsung jupuk waloh kuwi saka tangane Bawang Putih banjur dibanting ana ing ngisor. Mbok Randa, Bawang Merah, lan Bawang Putih kaget merga ing jerone waloh kuwi ana emas, berlian, intan, lan permata. Mbok Randa lan Bawang Putih banjur takon kok iso nemu waloh sing isine emas, banjur Bawang Putih nyritake kadadeyan mau.
          Isuke Mbok Randa ngongkon Bawang Merah nglakoni kayata sing dilakoni Bawang Putih wingi. Dheweke jarak ngintirke klambine Mbok Randa lan ditutke nganti ketemu mbah-mbah sing jenenge Mbah Parni. Bawang Merah akhire ketemu sing jenenge Mbah Parni, lan Mbah Parni uga sing jupuk klambine Mbok Randa mau. Dheweke gelem ngwehna klambine Mbok Randa yen Bawang Merah gelem ngresiki omahe. Ning Bawang Merah ora gelem lan meksa ngwehna waloh gedhe sing ana ing jero omahe Mbah Parni. Mbah Parni banjur ngwehna klambine Mbok Randa lan ngwehna waloh sing ukurane gedhe banget. Bayangane wis ora sabar, ngeti isine sing kebak emas, permata, berlian, lan inten. Tekan omah, Bawang Merah karo Mbok Randa banting waloh kuwi ning ngisor. Nanging isine ora emas, malah jerone akeh ula sing ana racun bisane. Akhire Mbok Randa lan Bawang Merah mlayu merga digudhak karo ula-ula mau, lan sadar karo sikape sing wis ora apik karo Bawang Putih. Bawang Putih wis ikhlas maafke kabeh kesalahane Mbok Randa lan Bawang Merah.

SINOPSIS JAKA KENDIL

      gambar : http://dongeng1001cerita.blogspot.co.id


          Ing sawijining dina, ana bocah sing awake cendik, lemu, kaya kendi. Para warga biasa ngundang Jaka Kendil. Senajan kanca-kancane ora seneng kekancan karo Jaka Kendil, ibune Jaka Kendil tetep sayang karo anake. Jaka Kendil bocah sing manut karo ibune, seneng guyon, nanging Jaka Kendil uga nakal. Jaka Kendil jarak lunga ana ing pasar, banjur lungguh jejer karo bakul jajanan. Kadang bakul jajane ora sadar yen dokok jajanan ana ing dhuwur sirahe Jaka Kendil. Banjur Jaka Kendil mulih lan gawa jajanan sing didokok ning dhuwur sirahe kuwi. Ibune ngamuk-ngamuk merga ngira yen Jaka Kendil maling jajanan kuwi. Banjur Jaka Kendil uga jelaske yen dheweke dikira kendil, merga kuwi akeh sing dokok panganan ning sirahe. Ibune sing asale ngamuk mung mesem wae lan ngandani anake besok aja kaya ngene maneh, opo maneh jarak lunga ning pasar dhewe.
          Banjur Jaka Kendil wis gedhe, Jaka Kendil jaluk marang ibune kapengen dikawinke karo anake Raja. Ibune kaget karo penjalukane anake sing kayane ora mungkin kedadeyan kuwi. Amarga sayang karo Jaka Kendil, ibune nyoba nuruti kapinginane. Banjur ibune lan Jaka Kendil lunga ana ing kerajaan madhep karo Raja. Ibune ngomong ning Raja babagan niyate dheweke mrono karo Jaka Kendil. Nanging Raja sing bijaksana kuwi nampa lamaran Jaka Kendil banjur ditakoke disek karo 3 anak-anake. Anak kesiji lan keloro ora gelem nampa lamarane Jaka kendil, ananging anake raja sing ragil, gelem nampa lamarane.
          Akhire Jaka Kendil karo anak ragile Raja kawin lan Jaka Kendil melu manggon ana ing kerajaan. Raja lan bojone iso nrima apik anane Jaka Kendil dadi mantune. Nanging, anak Raja kesiji lan keloro malah seneng ngelek-elek Jaka Kendil ning ngarepe anak ragil. Anak ragil kuwi mung iso sabar lan nyoba nrima kanyataane.
          Ing sawijining dina, Raja arep ngadakake lomba manah. Sing melu uga kesatria ana ing kerajaan-kerajaan liyane. Nanging anake Raja sing ragil mung iso pasrah merga bojone, Jaka Kendil ora iso melu lomba kuwi. Pas lomba wis dimulai, ana salah siji kesatria sing bagus rupane lan awake gagah. Dheweke menangke ana lomba manah kuwi. Anake Raja sing kesiji lan keloro seneng karo kesatria kuwi banjur ngelek-ngelek Jaka Kendil maneh ning ngarepane adhine. Anake Raja sing ragil banjur mlebu kamar lan nangis, karo banting kendi sing ana ing kana. Let sedhiluk ana sing mlebu kamare, kesatria sing menang mau banjur ngrangkul anak ragile Raja, karo crita yen sebenere dheweke kuwi Jaka Kendil. Anak ragile Raja seneng dungu kuwi banjur urip tentrem karo Jaka Kendil. Anak kesiji lan keloro ora nduga lan jaluk ngapura karo Jaka Kendil lan adhine.
         

SINOPSIS JAKA TINGKIR



gambar : www.joko-tingkir.com

          Jaka Tingkir, yaiku wong keturunan Majapahit sing nduweni kesaktiyan. Anake Kebo Kenanga lan Ki Ageng Pengging iki seneng tapa lan hal-hal sing mambu gaib. Jaka Tingkir sregep tapa kanggo narik pusaka ampuh, amarga iku Jaka Tingkir iso nakluke lawan-lawane. Ora mung nakluke lawan, wadon-wadon uga akeh sing seneng dheweke, ya merga nganggo pelet sing disinauni Jaka Tingkir. Dheweke dadi ketuane Pasukan Pengawal Sultan ana ing Demak. Ing jaman semono, sultan Demak uga dicekel karo Sultan Trenggana. Sultan Trenggana seneng karo Jaka Tingkir lan rumangsa aman yen dikawal karo Jaka Tingkir.
          Ing sawijining dina, Sultan Trenggono rumanca kuciwa karo Jaka Tingkir banjur diusir saka istana. Lan bareng diusir, Jaka Tingkir berguru ana ing Ki Ageng Banyu Biru, yaiku guru spiritual Shiva buddha. Ki Ageng wenehi kekuatan lan siasat kanggo Jaka Tingkir supayane iso balik maneh ana ing kerajaan Demak. Banjur, Jaka Tingkir diewangi karo kanca-kancane lan pasukan saka Majapahit kanggo ngatur siasat nyerang ing Kerajaan Demak. Banjur mengko Jaka Tingkir teka lan nylametake kerajaan Demak, supayane iso dadiangkat dadi penguasane tanah Jawa. Akhire Jaka Tingkir iso balik ning kerajaan lan entuk kepercayaan maneh saka Sultan Trenggana. Banjur diangkat dadi Adipati ana ing daerah Pajang lan sawijining dina ngadekake Kerajaan Pajang sakwise Kerajaan Demak mati.


Selasa, 10 November 2015

SINOPSIS JAKA TARUB

         
gambar : www.cerkakbahasajawa.com


           Mbok Randa duwe anak siji-sijine, jenenge yaiku Jaka Tarub. Jaka Tarub dadi bocah remaja sing gagah lan bagus rupane. Dheweke seneng berburu ana ing alas. Pas dheweke berburu ana kali, dheweke weruh bocah wedok akeh sing padha adus ning kali. Banjur salah sijine slendhang bocah wadon kuwi dijupuk Jaka Tarub. Jubulane wong wadon kuwi bidadari saka khayangan. Bidadari sing jenenge Dewi Nawang Wulan bingung goleki selendhange sing ilang. Amarga dina kuwi wis wayah surup, bidadari-bidadari padha munggah ana ing khayangan lan ninggal Dewi Nawang Wulan dhewe ning kana. Banjur Jaka Tarub metu saka padhelikane lan ngajak Dewi Nawang Wulan bali ana ing omahe.
           Akhire saya suwe, Dewi Nawang Wulan lan Jaka Tarub dadi bebojoan, lan duweni anak siji. Senajan Dewi Nawang Wulan ora bisa balik ning khayangan, nanging dheweke iseh tetep bidadari sing duweni kesaktian. Dheweke iso gawe sega mung nganggo sak glintir beras. Dewi Nawang Wulan iso nglakoni kuwi yen ora ana wong sing weruh. Nanging merga Jaka Tarub penasaran akhire wakul segane dibukak lan Dewi Nawang Wulan keilangan saktine. Dheweke arep masak sega bingung meh nganggo cara apa banjur diajari Mbok Randa. Pas Dewi Nawang Wulan golek kendhi kanggo ngesusi berase, kaget merga nemu slendhange ana ing jero kendhi cilik mau. Jaka Tarub ngaku yen dheweke sing wis dhelike slendhange. Dewi Nawang Wulan kuciwa lan akhire dheweke mileh balik ning khayangan lan ninggalke Jaka Tarub karo anake sing iseh cilik.