gambar : tunjungbudiwati.wordpress.com
"Kancil...o Kancil!"
Banjur si Kancil tangi karo mripat setengah merem.
"Hmmm... ana apa?"
"Aku nemu panganan enak Cil. Ana ing sebrang hutan. Wahhh warek tenan aku Cil." Karo nyekeli wetenge.
Kancil mung ngremehke tok, "Ah aku ora percaya."
"Lho tenan kok Cil, nek gelem ayo tak jak mrono, tapi kudu ngati-ngati soale ana wong sing duwe."
"Ah wegah, ono wong sing duwe ngko nek aku dicekel piye? Ah mendingan turu wae."
"Lho yo aja nyolong ta, ngomong karo Pak Tani."
"Hmmmmm." Kancil ora dungu ngomonge Kebo lan nglanjutake turune.
"Hmmm yawes nek ora gelem." Kebo ninggal Kancil.
Tangi-tangi, wetenge Kancil muni, "Krucukkkkkkk." Banjur Kancil tangi arep golek panganan. Nanging, panganan ning alas wis entek kabeh. Ngalor, ngidul anggone Kancil goleki nanging ora ketemu babar blas. Delalah, Kancil kelingan karo omongane Kebo yen ing sebrang alas ana kebon sing nanem panganan enak. Ora mikir dowu resikone apa, Kancil langsung mara ana ing sebrang alas.
Banjur wis nyebrang, dheweke weruh akeh omah-omah lan ning sandhing omah-omah kuwi ana kebon. Mripate kancil langsung ijo weruh timun gedhi-gedhi pating gemandhul ana ing kebon kuwi. Wis amarga ngempet ngeleh, Kancil ora mikir dowu langsung mlayu nuju kebon. Nanging, "Aaaaaaaaawwww," merga ora ngati-ngati Kancil keperangap ana ing jebakan sing digawe Pak Tani. Dheweke jerat-jerit karo jaluk pitulungan nanging ora ana siji-sijia kewan sing dungu. Kancil mung iso nangis tok.
Isuke Kebo mara ing kebon kuwi lan weruh Kancil sing lagi kejebak ana ing kebone Pak Tani. Kebo mung iso guya-guyu tok amarga Kancil ora gelem ngrungokake omonge Kebo.
"Kuwi akibate ngremehke omongane wong, lan nyolong sembarangan wae. Ora ijin marang Pak Tani, saiki rasake dhewe to."
"Huuuuhuuuu Kebo, aku jaluk ngapura, aku janji bakal dadi luwih apik."
Banjur Kebo ngeculke Kancil sing awake kekurung ana ing perangkape Pak Tani lan ora bali nyolong timun Pak Tani maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar