gambar : www.dongengceritarakyat.com
Bien ana randa tuwa sing urip dhewekan ora ana sapa-sapa. Dheweke lunga ana ing alas nemoni Buto Ijo lan jaluk kepengen diwenehi anak. Banjur diwenehi timun sing jerone bocah bayi, karo Buto Ijo. Nanging Buto Ijo ngomong, yen anak kuwi wis genep 17 taun, Mbok Randa kudu wenehno bocah kuwi lan arep dipangan. Akhire Mbok Randa gelem lan ngopeni bocah kuwi nganti gedhe. Bocah wadon kuwi dijenengi Timun Mas. Mbok randa sayang banget karo Timun Mas, lan Timun Mas uga sayang karo Mbok Randa. Nanging Mbok Randa wedi yen pas umure Timun Mas wis genep 17 taun, dheweke kelangan Timun Mas lan urip dhewekan meneh.
Banjur umure Timun Mas wis 17 taun, Timun Mas dikandhani karo Mbok Randa yen uripe saiki lagi cilaka. Banjur Timun Mas dikon mlayu cepet-cepet ana ing alas karo gawa timun, dom, lan trasi. Let sedhiluk Timun Mas lunga saka omah, Buto Ijo mara ning omahe Mbok Randa. Dheweke mara nageh janjine sing arep ngwehna Timun Mas. Karo wanine, Mbok Randa ngomong yen dheweke emoh ngwehna Timun Mas amarga Timun Mas kuwi anake Mbok Randa. Buto Ijo ngamuk banjur goleki Timun Mas ana ing omahe Mbok Randa. Nanging apese, Buto Ijo ora nemu Timun Mas ning kono.
Ora pati suwe dheweke anggone golek banjur Buto Ijo tapa ana ing omahe Mbok Randa, banjur delok Timun Mas sing lagi mlayu ana ing alas. Karo mlayu banter Buto Ijo langsung mlebu alas ngoyak Timun Mas. Ngerti yen kahanane wis dingerteni Buto Ijo, Timun Mas langsung nguncalke timun sing diwenehi Mbok Randa mau, lan dadi wit timun sing akeh banget. Buto Ijo kejebak ana ing wit-wit kuwi, nanging dheweke isa lolos. Timun Mas nguncalke jarum, lan dadi wit-witan sing akeh ri-rine. Buto Ijo kejebak karo jerat-jerit amarga lara kena ri-ri sing nujep awake. Amarga ora gelem kalah, Buto Ijo nekat nebas wit-wit kuwi nganggo tangane nganti iso lolos. Timun Mas banjur nguncalke trasi, lan dadi laut. Buto Ijo banjur kejebak, kelep ana ing jerone lan ora iso lolos maneh. Timun Mas lan Mbok Randa akhire selamet lan urip tentrem selawase.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar