Jumat, 13 November 2015

dongeng : Kancil Lan Baya



 

            Ing sawijining dina, Kancil lagi luru-luru panganan ana ing alas. Nanging merga musim kemarau, panganan ing alas padha entek kabeh. Kancil dikandani Wedhus yen ning sebrang alas ana alas sing durung kejamah kewan liyane, lan panganane iseh akih. Banjur ora mikir dowu, Kancil mara ing sebrang alas.
          Sak wise tekan pinggir alas, dheweke weruh woh ace sing pating gemandhul abang lan padha tibo ing ngisore. Angel kayane Kancil nyebrang alas kuwi amarga dipisahke karo kali, lan jerone kali ana Bayane akih. Dhelok Kancil ana ing pinggir kali dadike para Baya seneng lan ora sabar mangan Kancil.
          "Woi Kancil, ngapa kuwe ning kene? Pengen mati ya? Hahaha" Baya padha geguyonan.
          Banjur Kancil mikir sedhiluk supayane iso nyebrangi alas kuwi. "Oh iya," ngomonge Kancil ana ing jero atine.
           "Iya baya, awakku wis siap mbuk pangan kuwe ki." 
           "Wahhhh tenan opo ora iku?" 
           "Tenan Baya, aku wis ora iso nemu panganan ana ing kene. Timbang aku mati merga ngelih mending aku mati mbuk pangan wae ta."
            "Yawes to age rene ndang nyemplung aja ing pinggiran kali."
            "Lho mengko sek ta, diitung ana pira disek Baya-baya ning kene, ben entuk dagingku kabeh. Soale awakku kan cilik."
           "Nanging aku lan kanca-kancaku ora iso ngitung Cil, piye?" Ngomonge Baya.
           " Ngene wae, aku tak sing ngitung kuwe kabeh sing baris memburi."
           "Yawes ngono wae, ayo do baris!"
           "Oke, padha anteng kabeh ya. Tak itunge saiki." Kancil mencolot ana ing sirahe Baya.
           Ngitung karo mlaku ana ing dhuwure Baya-baya, "1..2..3..4..5..6..7.."
           "Piye cil?" 
           "Ooo ana akeh, ana 7 baya sing gagah perkasa"
           "Trus kapan aku mangan awakmu?"
           "Hahaha ora bakal! Kuwe baya padha tak apusi kok gelem ya ya, hahaha"
            "Kancilllllll! Awas yo kuwe!" Nggembore Baya sing jengkel karo Kancil.
            Akhire kancil iso lolos saka Baya lan urip tenang saklawase.
           
             

Tidak ada komentar:

Posting Komentar