Kamis, 12 November 2015

SINOPSIS BAWANG MERAH DAN BAWANG PUTIH

          
 gambar : www.youtube.com

          Mbok Randa duweni anak sing jenenge Bawang Merah lan Bawang Putih. Biyen pas iseh ana bapake, Bawang Putih karo Bawang Merah lan Mbok Randa urip rukun. Nanging kabeh wis ilang pas bapake wis seda. Mbok Randa lan Bawang Merah senengane nyiksa Bawang Putih, kayata dikon masak, blanja, nyapu, umbah-umbah, ngepel, ngresiki omah kabeh dilakoni karo Bawang Putih. Senajan Mbok Randa lan Bawang Putih jahat karo dheweke, Bawang Putih tetep sabar lan nrima nganti ikhlas wae.
          Ing sawijining dina, Bawang Putih umbah-umbah ana ing kali. Nanging pas umbah-umbah, klambine Mbok Randa katut kegowo arus kali. Wedi yen dheweke diseneni ibune lan diusir saka omah, banjur Bawang Putih nekat luru-luru klambine ibune sing kegowo banyu kali mau. Saben wong sing ana ning cedhak kali ditakoni, weruh klambine ibune apa ora, ning ora padha ngerti. Bawang Putih ngetutke arus kali mau nganti ketemu karo mbah-mbah, jenenge Mbah Parni. Mbah Parni weruh lan wis jupuk klambine kuwi amarga klambine Mbok Randa apik kanggo dheweke. Bawang Putih nyoba ngrayu-ngrayu mbah kuwi nganti gelem ngwenehi klambine Mbok Randa. Akhire Mbah Parni gelem karo sarat, Bawang Putih gelem ngresiki omahe. Karo ati sing seneng, Bawang Putih gelem nrima sarat kuwi.
          Akhire Bawang Putih wis rampung ngresiki omahe Mbah Parni. Banjur Mbah Parni ngwenehi klambine Mbok Randa lan Bawang Putih dipeksa kon gawa waloh. Bawang Putih dikon mileh waloh sing gedhe apa sing cilik. Bawang Putih milihe sing cilik. Banjur Bawang Putih pamitan karo Mbah Parni lan mulih ana ing omahe.
          Tekan omah, Bawang Putih diamuk-amuk karo Mbok Randa lan Bawang Merah amarga muleh nganti wayah bengi lan gaweyan omah durung bar kabeh. Ngerti yen pas kuwi Bawang Putih gawa waloh, Bawang Merah langsung jupuk waloh kuwi saka tangane Bawang Putih banjur dibanting ana ing ngisor. Mbok Randa, Bawang Merah, lan Bawang Putih kaget merga ing jerone waloh kuwi ana emas, berlian, intan, lan permata. Mbok Randa lan Bawang Putih banjur takon kok iso nemu waloh sing isine emas, banjur Bawang Putih nyritake kadadeyan mau.
          Isuke Mbok Randa ngongkon Bawang Merah nglakoni kayata sing dilakoni Bawang Putih wingi. Dheweke jarak ngintirke klambine Mbok Randa lan ditutke nganti ketemu mbah-mbah sing jenenge Mbah Parni. Bawang Merah akhire ketemu sing jenenge Mbah Parni, lan Mbah Parni uga sing jupuk klambine Mbok Randa mau. Dheweke gelem ngwehna klambine Mbok Randa yen Bawang Merah gelem ngresiki omahe. Ning Bawang Merah ora gelem lan meksa ngwehna waloh gedhe sing ana ing jero omahe Mbah Parni. Mbah Parni banjur ngwehna klambine Mbok Randa lan ngwehna waloh sing ukurane gedhe banget. Bayangane wis ora sabar, ngeti isine sing kebak emas, permata, berlian, lan inten. Tekan omah, Bawang Merah karo Mbok Randa banting waloh kuwi ning ngisor. Nanging isine ora emas, malah jerone akeh ula sing ana racun bisane. Akhire Mbok Randa lan Bawang Merah mlayu merga digudhak karo ula-ula mau, lan sadar karo sikape sing wis ora apik karo Bawang Putih. Bawang Putih wis ikhlas maafke kabeh kesalahane Mbok Randa lan Bawang Merah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar