Kamis, 12 November 2015

SINOPSIS JAKA KENDIL

      gambar : http://dongeng1001cerita.blogspot.co.id


          Ing sawijining dina, ana bocah sing awake cendik, lemu, kaya kendi. Para warga biasa ngundang Jaka Kendil. Senajan kanca-kancane ora seneng kekancan karo Jaka Kendil, ibune Jaka Kendil tetep sayang karo anake. Jaka Kendil bocah sing manut karo ibune, seneng guyon, nanging Jaka Kendil uga nakal. Jaka Kendil jarak lunga ana ing pasar, banjur lungguh jejer karo bakul jajanan. Kadang bakul jajane ora sadar yen dokok jajanan ana ing dhuwur sirahe Jaka Kendil. Banjur Jaka Kendil mulih lan gawa jajanan sing didokok ning dhuwur sirahe kuwi. Ibune ngamuk-ngamuk merga ngira yen Jaka Kendil maling jajanan kuwi. Banjur Jaka Kendil uga jelaske yen dheweke dikira kendil, merga kuwi akeh sing dokok panganan ning sirahe. Ibune sing asale ngamuk mung mesem wae lan ngandani anake besok aja kaya ngene maneh, opo maneh jarak lunga ning pasar dhewe.
          Banjur Jaka Kendil wis gedhe, Jaka Kendil jaluk marang ibune kapengen dikawinke karo anake Raja. Ibune kaget karo penjalukane anake sing kayane ora mungkin kedadeyan kuwi. Amarga sayang karo Jaka Kendil, ibune nyoba nuruti kapinginane. Banjur ibune lan Jaka Kendil lunga ana ing kerajaan madhep karo Raja. Ibune ngomong ning Raja babagan niyate dheweke mrono karo Jaka Kendil. Nanging Raja sing bijaksana kuwi nampa lamaran Jaka Kendil banjur ditakoke disek karo 3 anak-anake. Anak kesiji lan keloro ora gelem nampa lamarane Jaka kendil, ananging anake raja sing ragil, gelem nampa lamarane.
          Akhire Jaka Kendil karo anak ragile Raja kawin lan Jaka Kendil melu manggon ana ing kerajaan. Raja lan bojone iso nrima apik anane Jaka Kendil dadi mantune. Nanging, anak Raja kesiji lan keloro malah seneng ngelek-elek Jaka Kendil ning ngarepe anak ragil. Anak ragil kuwi mung iso sabar lan nyoba nrima kanyataane.
          Ing sawijining dina, Raja arep ngadakake lomba manah. Sing melu uga kesatria ana ing kerajaan-kerajaan liyane. Nanging anake Raja sing ragil mung iso pasrah merga bojone, Jaka Kendil ora iso melu lomba kuwi. Pas lomba wis dimulai, ana salah siji kesatria sing bagus rupane lan awake gagah. Dheweke menangke ana lomba manah kuwi. Anake Raja sing kesiji lan keloro seneng karo kesatria kuwi banjur ngelek-ngelek Jaka Kendil maneh ning ngarepane adhine. Anake Raja sing ragil banjur mlebu kamar lan nangis, karo banting kendi sing ana ing kana. Let sedhiluk ana sing mlebu kamare, kesatria sing menang mau banjur ngrangkul anak ragile Raja, karo crita yen sebenere dheweke kuwi Jaka Kendil. Anak ragile Raja seneng dungu kuwi banjur urip tentrem karo Jaka Kendil. Anak kesiji lan keloro ora nduga lan jaluk ngapura karo Jaka Kendil lan adhine.
         

Tidak ada komentar:

Posting Komentar