Minggu, 27 Desember 2015

Jurnal Tradisi Golok-Golok Mentok ing Kudus



Tradisi Golok-Golok Mentok ing Kudus
Maysita Christy Pramandari
Program Studi Bahasa dan Sastra Jawa, Universitas Negeri Semarang, maysitatata@gmail.com, 089605241214
                  Kata kunci : tradisi, golok-golok mentok, maulid nabi, kudus                
ABSTRACT
Tradhisi Golok-golok mentok yaiku tradhisi turun-temurun sing ana ing daerah Kudus, Jawa Tengah. Tradhisi ini dilakoni kanggo mengeti dina Maulid Nabi Muhammad SAW. Tujuane yaiku supaya luwih tresna marang Nabi Muhammad SAW lan kanggo nambahi iman lan takwa marang gusti Allah SWT. Babagan sing dianggo bahan penelitian yaiku 1. Masyarakat 2. Prosesi 3. Tujuan. Tradisi iki iseh dianakake ana ing separo desa ana ing Kudus. Babagan sing perlu di undhakake yaiku nambahi minat para warga kang ana ing Kudus kanggo melu nglestariake budaya sing ameh ilang iki. Sadare para warga kanggo melu nglestariake budaya asli kudus diundhakake, uga kebijakan pemerintah sing melu nglestariake budaya asli Kudus. Yen babagan iki iso kewujud, budaya golok-golok mentok bakal diwariske nganti turun-temurun ora wedi katut arus globalisasi.

PENDAHULUAN
LANDASAN TEORITIS
Golok-golok mentok yaiku tradhisi masyarakat muslim, padha ngumpul ana ing masjid utawa musholla kanggo mengeti Maulid Nabi Muhammad SAW. Tradisi iki umume dilakoni bocah-bocah wadon sing padha gawa keranjang cilik (nanya) sing digawe saka pring lan diwenehi pewarna abang lan ijo. Nanya biasane diiseni beras ketan sing dhuwure diwenehi srondeng utawa abon. Ana uga sing ngisi nanya karo sego kering, sego gudangan utawa jajanan pasar. Golok-golok Mentok duweni lagu sing khas, lagune kaya ngene, “golok-golok menthok, selametane bocah wedok, cah lanang, ra entuk njanthok, nek njanthok udele ketok”. Miturut teori, nanya sing gawa lan sing oleh ngijolake mung bocah wadon wae, nanging kasunyatane bocah lanang oleh gawa nanya lan ngijolake karo liyane. Pas acara wis mulai, siji bocah gawa nanya kurang luwih 4-5 nanya banjur digawa ing masjid utawa musholla lan dikumpulake dadi siji kanggo didongani karo para sesepuh. Banjur acarane wis bar, nanya sing digawa oleh diijolake kanggo nanya liyane. Golok-golok Mentok sejahtine duweni niyatan supayane masyarakat utamane bocah-bocah luwih tresna marang agama islam lan ileng laire Nabi Muhammad SAW.

METODE PENELITIAN
A.       Hasil Observasi
1.             Papan panggonan lan wektu
Penelitian iki dianakake ing Perum Sumber Indah 1 Desa Tenggeles. Wektu penelitian dianakake, 3 Januari 2015 jam 17.00 nganti 19.00 WIB.
2.             Populasi
Populasi ana ing penelitian yaiku masyarakat Perum Sumber Indah 1 Desa Tenggeles. Jumlahe kurang luwih 120 wong sing melu partisipasi ana acara Golok-golok mentok. Kanggo kyai ana 5 wong sing ditugasi mimpin donga, barjanji, lan kirim donga utawa yasin tahlil.
3.             Pengambilan Data
Dokumentasi dianggo nambahi instrumen angket karo dudohi data ana ing lapangan sing wis ana. Dokumentasi ana ing penelitian iki yaiku dokumentasi Golok-golok mentok.
         4.      Pembahasan

Saka penelitian sing wis dilakoni, wenehi kesan sing positif kanggo masyarakat muslim. Para masyarakat antusias banget melu acara Golok-golok mentok, sing utama bocah-bocah umur 5-10 taun. Golok-golok mentok yaiku tradhisi sing duweni akeh sisi positif, yaiku :
-          Silahturahmi
Sak liyane kanggo mengeti acara Maulid Nabi Muhammad SAW, masyarakat uga bisa padha silahturahmi. Masyarakat bisa ngakrabake awake dhewe marang bocah-bocah, nganti wong tuwa. Babagan iki isa gawe masyarakat ing daerah kuwi padha bisa menghargai lan ngurmati wong liyane.
-          Nambah Iman lan Takwa
Masyarakat sing melu acara lan sing melu nglestariake tradhisi bisa nambahi iman lan takwa marang gusti Allah SWT, lan luwih tresna marang Nabi Muhammad SAW. Babagan iki bisa positif  kanggo masyarakat muslim, utamane kanggo bocah-bocah sing lagi padha nata masa depane.
-          Nglestariake Tradhisi
Kanggo nglakoni tradhisi iki nganti sregep lan diwarisake marang anak putune, tradhisi bakal terus dianakake nganti ora wedi yen besuk bakal katut karo arus globalisasi.

PENUTUP
Golok-golok metok yaiku tradhisi sing dianakake tiap taun pisan kanggo mengeti dina laire Nabi Muhammad SAW. Tradhisi iki duweni tujuan supayane masyarakat bisa luwih tresna marang Nabi Muhammad lan nambahi iman lan takwa marang Allah SWT. Bocah-bocah uga melu nglestariake tradhisi iki, amarga umume bocah-bocah sing gawa nanya, banjur didongani karo para sesepuh ning daerah dhewe-dhewe. Banjur diijolake karo nanya sing liyane.
Tradhisi Golok-golok mentok ing daerah Kudus isih mlaku nganti apik. Nanging merga anane globalisasi, tradhisi iki saya suwe saya ilang. Babagan sing kudu diundhakake yaiku nambahi minat masyarakat Kudus kanggo melu nglestariake budaya sing ameh punah iki. Sadare masyarakat kanggo nglestariake budaya asli daerah kudu diundhake. Iya uga pemerintah sing kudu melu andil ana pelestarian budaya asli daerah Kudus. Yen babagan iki iso mlaku, budaya golok-golok mentok bakal bisa diwarisake nganti turun-temurun nganti ora wedi katut arus globalisasi.
SARAN
Tradisi Golok-golok mentok yaiku warisan nganti turun temurun. Muga-muga generasi penerus isa melu nglestariake lan ngrameake acara Golok-golok mentok supaya bisa dikenal karo wong liyane, yen Golok-golok mentok iku tradhisi unik sing asale saka Kudus, Jawa Tengah.
DAFTAR PUSTAKA
http://www.majalahopini.com/2015/03/19/golok-golok-menthok-kearifan-lokal-yang-tergerus-zaman/
http://www.kompasiana.com/srisubekti_astadi/golok-golok-menthok-tradisi-peringatan-maulid-di-kudus

SULUK SEH NGABDUL SALAM (artinya) 2

21. Yen sampeyan wis kroso kasepen, ing lafal saka "hu" rasa yen kita wis cedhak sing kita nyembah lan memuji, anggere kita isih manggon ing donya iki.22. Yen mirsani, sing bakal dibutuhake kanggo dadi apik, amarga utusan bener Allah.23. tembung saka Allah, punika "sira wa al-isanulapal anasirihi", kang tegese iku kabeh manungsa padha.24. Arep duwe rasa sethitik sanadyan, wis kenthekan kabeh ana apa-apa kiwa. Embun, karakter, iman, lan panginten kabeh iku asalé saka ing bakdarolah.25. Ngerti, hayatilah nalika maca al-Fatihah. Lan yen resapilah ndhuwur ubunmu, ana raos arahim arahman sing lungguh.26 Nalika sampeyan lagi ing negara mabur, aran "Alhamdulillahi" punika cahya lan "Rabill Alamin" wis urip lan ambegan.27 Nalika lafal "Rahman abang yaumiddin Maliki" sing bakal aran ora adil ing bagéan dhadha, lan kaya deg-degan sing ngerti sing duwe dosa.28. Nalika lafal saka "wa nakbudu iyya kanashtaim, ihdinas" sampeyan bakal nemokake sing anggota awak kayata weteng lan tangan bakal minangka dikuwasani.29 Nalika lafal "Mustaqim siratal, Latin siratal", sampeyan bakal bisa kanggo aran lan mbedakake antarane apa hak lan apa salah.30 Nalika lafal saka "lan tentrem-rahayu amta dadi, waladalin" ngrasa soko manggoni wentis pedhet.31 "Amin" kanggo nutupi pandonga sing liwat, kabeh bali menyang awake dhewe, tau ninggalake shalat.32 Apa kowe ora wani ninggalake layang Fatihah, sawise maca iki, banjur awak bakal aran luwih apik.33 Sampeyan kudu dadi tandha kanggo èlmu cacat, dadi bisa kanggo Ngurutake mau. Ing pandonga ngandhut papat prakara.34 Senadyan pocapan cublak, nanging aran wayahe sing maca, lan fasih maca al-Fatihah.35 Ing ayat al-Fatihah sing nang awak, kanggo ngelingake sing ora lali sholat.36 Aja aran sing duwe urip langgeng. Elinga, padha ora aran sing bebas nindakake.37 Yen elinga sujud marang Allah. Nalika penghayatanmu kanggo bakal rampung, kowe aran duwe wedi. Kita bakal njagong taqhiat.38 Apa sampeyan mikir wis wareg kabeh donya. Kabeh iki mung sak wentoro, amarga mripate Gusti Allah iku tanpa gina.39 Sawisé shalat kanggo mulihake atine kaya kabeh. Bumi, angin, banyu, lan cahya mencorong. Tangan para peladèn sing padha takon kanggo sholat, salah siji pangapunten utawa jaluk.

SULUK SEH NGABDUL SALAM (Artine)

Pocung1. Katon saka kadohan wong enom sing kapandeng cemlorot padhang, teka kanggo Purwasari. Asmane Rahaden Purwagupita2. tumindak apik, ora gampang pundung, pepek lan responsif. Teka ana amarga sing dikirim dening bapake.3. Ing wayah awan ana ing ngarep dalan, kanggo ngobrol karo Seh Ngabdul Salam.4. "Wayah awan ngene kok teka mrene?" Wangsulane Rahaden "Kula rama penasaran, karo artine saka Kitab Ahyatul Mahran".5. Diskusi pitu sadurungé kasus, Jeneng lan iman pitu-wektu.6. "Duh banjur apa apa tumindak sabanjuré, aku nyuwun pituduh", ngandika Rahaden. Tinampik sembahyang ngomong, "Oh tetep sinau dadi wong apik".7. Iku perumpamaan saka isi donya, ana gedhe lan sawetara cilik, nanging kabeh padha wangun beda.8. alam uga beda-beda, ana ala lan sawetara apik, sawetara sing andhap asor, ana sing apik, ana uga sing elek.9. bumi kabèh ana beda ketoke, ana conto cilik bagéyan pitik, sanajan werno-werno werna sing nanging tetep pitik kewan.10. wangun asmane, sanajan iku sethitik amba, lan ketoke ora padha, iku isih ora alam padha.11. Asal nggawe wangun, jeneng sing padha, nggawe padha. Jeneng liya utawa liyane sing bakal nggawe prabédan kualitas.12. njejegaké iman punika wangun pangapunten, kanggo larang regane. Ana apa-apa kaya iku, lan mung Gusti Allah iku Maha Agung.13. Panjenenganipun salah siji saka ngatur. Yen kowe perang iku, banjur kabèh Semesta bakal rusak, lan kabeh crita urip.14. Ana kaloro lan katelu, mung siji. Kabeh sing ana ing bumi, iku anggone padha sujud marang Gusti Allah.15. Minangka mata bisu nonton, ndeleng werno-werno, lan bisa nganggo, nalika aku weruh kabeh prilaku lan prilaku kabèh Semesta saka alam semesta.16. Iku kudu ngati-ati ing prilaku, ing alam semesta iki. Siramilah karo Islam.17. Urip lan sembahyanglah sampeyan, katon ing tangan sing takon kanggo shalat, mugia sing memuji lan sembahyang.18. Sampeyan uga kudu ngelingi sing kita kabeh arep ketemu pati.19. Nalika sawise kabeh mati, lan ing antarane wong mati ditangekake, padha bakal nyembah marang Gusti Allah lan bakal padha dadi siji ing alam Barzah.20. Yen cening ngastawa, hayatilah. Yen bakal maca takbir, sampeyan bakal nemokake yen iku migunani. Mungkasi ing lafal Allah Akbar.

Jumat, 13 November 2015

dongeng : Kancil Lan Baya



 

            Ing sawijining dina, Kancil lagi luru-luru panganan ana ing alas. Nanging merga musim kemarau, panganan ing alas padha entek kabeh. Kancil dikandani Wedhus yen ning sebrang alas ana alas sing durung kejamah kewan liyane, lan panganane iseh akih. Banjur ora mikir dowu, Kancil mara ing sebrang alas.
          Sak wise tekan pinggir alas, dheweke weruh woh ace sing pating gemandhul abang lan padha tibo ing ngisore. Angel kayane Kancil nyebrang alas kuwi amarga dipisahke karo kali, lan jerone kali ana Bayane akih. Dhelok Kancil ana ing pinggir kali dadike para Baya seneng lan ora sabar mangan Kancil.
          "Woi Kancil, ngapa kuwe ning kene? Pengen mati ya? Hahaha" Baya padha geguyonan.
          Banjur Kancil mikir sedhiluk supayane iso nyebrangi alas kuwi. "Oh iya," ngomonge Kancil ana ing jero atine.
           "Iya baya, awakku wis siap mbuk pangan kuwe ki." 
           "Wahhhh tenan opo ora iku?" 
           "Tenan Baya, aku wis ora iso nemu panganan ana ing kene. Timbang aku mati merga ngelih mending aku mati mbuk pangan wae ta."
            "Yawes to age rene ndang nyemplung aja ing pinggiran kali."
            "Lho mengko sek ta, diitung ana pira disek Baya-baya ning kene, ben entuk dagingku kabeh. Soale awakku kan cilik."
           "Nanging aku lan kanca-kancaku ora iso ngitung Cil, piye?" Ngomonge Baya.
           " Ngene wae, aku tak sing ngitung kuwe kabeh sing baris memburi."
           "Yawes ngono wae, ayo do baris!"
           "Oke, padha anteng kabeh ya. Tak itunge saiki." Kancil mencolot ana ing sirahe Baya.
           Ngitung karo mlaku ana ing dhuwure Baya-baya, "1..2..3..4..5..6..7.."
           "Piye cil?" 
           "Ooo ana akeh, ana 7 baya sing gagah perkasa"
           "Trus kapan aku mangan awakmu?"
           "Hahaha ora bakal! Kuwe baya padha tak apusi kok gelem ya ya, hahaha"
            "Kancilllllll! Awas yo kuwe!" Nggembore Baya sing jengkel karo Kancil.
            Akhire kancil iso lolos saka Baya lan urip tenang saklawase.
           
             

dongeng : SI KANCIL NYOLONG TIMUN


       gambar : tunjungbudiwati.wordpress.com
 
          Ing sawijining dina, Kancil lagi leyeh-leyeh ana ing ngisor wit ringin. Saya suwe, Kancil saya ngantuk. Pas arep turu, Kancil malah kegugah karo swara bantere Kebo sing lagi ngundhang dheweke.
          "Kancil...o Kancil!"
          Banjur si Kancil tangi karo mripat setengah merem.
          "Hmmm... ana apa?"
          "Aku nemu panganan enak Cil. Ana ing sebrang hutan. Wahhh warek tenan aku Cil." Karo nyekeli wetenge.
           Kancil mung ngremehke tok, "Ah aku ora percaya."
          "Lho tenan kok Cil, nek gelem ayo tak jak mrono, tapi kudu ngati-ngati soale ana wong sing duwe."
           "Ah wegah, ono wong sing duwe ngko nek aku dicekel piye? Ah mendingan turu wae."
           "Lho yo aja nyolong ta, ngomong karo Pak Tani."
           "Hmmmmm." Kancil ora dungu ngomonge Kebo lan nglanjutake turune.
           "Hmmm yawes nek ora gelem." Kebo ninggal Kancil.

          Tangi-tangi, wetenge Kancil muni, "Krucukkkkkkk." Banjur Kancil tangi arep golek panganan. Nanging, panganan ning alas wis entek kabeh. Ngalor, ngidul anggone Kancil goleki nanging ora ketemu babar blas. Delalah, Kancil kelingan karo omongane Kebo yen ing sebrang alas ana kebon sing nanem panganan enak. Ora mikir dowu resikone apa, Kancil langsung mara ana ing sebrang alas.
          Banjur wis nyebrang, dheweke weruh akeh omah-omah lan ning sandhing omah-omah kuwi ana kebon. Mripate kancil langsung ijo weruh timun gedhi-gedhi pating gemandhul ana ing kebon  kuwi. Wis amarga ngempet ngeleh, Kancil ora mikir dowu langsung mlayu nuju kebon. Nanging, "Aaaaaaaaawwww," merga ora ngati-ngati Kancil keperangap ana ing jebakan sing digawe Pak Tani. Dheweke jerat-jerit karo jaluk pitulungan nanging ora ana siji-sijia kewan sing dungu. Kancil mung iso nangis tok.
          Isuke Kebo mara ing kebon kuwi lan weruh Kancil sing lagi kejebak ana ing kebone Pak Tani. Kebo mung iso guya-guyu tok amarga Kancil ora gelem ngrungokake omonge Kebo.
          "Kuwi akibate ngremehke omongane wong, lan nyolong sembarangan wae. Ora ijin marang Pak Tani, saiki rasake dhewe to."
          "Huuuuhuuuu Kebo, aku jaluk ngapura, aku janji bakal dadi luwih apik."
          Banjur Kebo ngeculke Kancil sing awake kekurung ana ing perangkape Pak Tani lan ora bali  nyolong timun Pak Tani maneh.

SINOPSIS TIMUN MAS


          

                                               gambar : www.dongengceritarakyat.com


          Bien ana randa tuwa sing urip dhewekan ora ana sapa-sapa. Dheweke lunga ana ing alas nemoni Buto Ijo lan jaluk kepengen diwenehi anak. Banjur diwenehi timun sing jerone bocah bayi, karo Buto Ijo. Nanging Buto Ijo ngomong, yen anak kuwi wis genep 17 taun, Mbok Randa kudu wenehno bocah kuwi lan arep dipangan. Akhire Mbok Randa gelem lan ngopeni bocah kuwi nganti gedhe. Bocah wadon kuwi dijenengi Timun Mas. Mbok randa sayang banget karo Timun Mas, lan Timun Mas uga sayang karo Mbok Randa. Nanging Mbok Randa wedi yen pas umure Timun Mas wis genep 17 taun, dheweke kelangan Timun Mas lan urip dhewekan meneh.
          Banjur umure Timun Mas wis 17 taun, Timun Mas dikandhani karo Mbok Randa yen uripe saiki lagi cilaka. Banjur Timun Mas dikon mlayu cepet-cepet ana ing alas karo gawa timun, dom, lan trasi. Let sedhiluk Timun Mas lunga saka omah, Buto Ijo mara ning omahe Mbok Randa. Dheweke mara nageh janjine sing arep ngwehna Timun Mas. Karo wanine, Mbok Randa ngomong yen dheweke emoh ngwehna Timun Mas amarga Timun Mas kuwi anake Mbok Randa. Buto Ijo ngamuk banjur goleki Timun Mas ana ing omahe Mbok Randa. Nanging apese, Buto Ijo ora nemu Timun Mas ning kono.
          Ora pati suwe dheweke anggone golek banjur Buto Ijo tapa ana ing omahe Mbok Randa, banjur delok Timun Mas sing lagi mlayu ana ing alas. Karo mlayu banter Buto Ijo langsung mlebu alas ngoyak Timun Mas. Ngerti yen kahanane wis dingerteni Buto Ijo, Timun Mas langsung nguncalke timun sing diwenehi Mbok Randa mau, lan dadi wit timun sing akeh banget. Buto Ijo kejebak ana ing wit-wit kuwi, nanging dheweke isa lolos. Timun Mas nguncalke jarum, lan dadi wit-witan sing akeh ri-rine. Buto Ijo kejebak karo jerat-jerit amarga lara kena ri-ri sing nujep awake. Amarga ora gelem kalah, Buto Ijo nekat nebas wit-wit kuwi nganggo tangane nganti iso lolos. Timun Mas banjur nguncalke trasi, lan dadi laut. Buto Ijo banjur kejebak, kelep ana ing jerone lan ora iso lolos maneh. Timun Mas lan Mbok Randa akhire selamet lan urip tentrem selawase.

Kamis, 12 November 2015

SINOPSIS BAWANG MERAH DAN BAWANG PUTIH

          
 gambar : www.youtube.com

          Mbok Randa duweni anak sing jenenge Bawang Merah lan Bawang Putih. Biyen pas iseh ana bapake, Bawang Putih karo Bawang Merah lan Mbok Randa urip rukun. Nanging kabeh wis ilang pas bapake wis seda. Mbok Randa lan Bawang Merah senengane nyiksa Bawang Putih, kayata dikon masak, blanja, nyapu, umbah-umbah, ngepel, ngresiki omah kabeh dilakoni karo Bawang Putih. Senajan Mbok Randa lan Bawang Putih jahat karo dheweke, Bawang Putih tetep sabar lan nrima nganti ikhlas wae.
          Ing sawijining dina, Bawang Putih umbah-umbah ana ing kali. Nanging pas umbah-umbah, klambine Mbok Randa katut kegowo arus kali. Wedi yen dheweke diseneni ibune lan diusir saka omah, banjur Bawang Putih nekat luru-luru klambine ibune sing kegowo banyu kali mau. Saben wong sing ana ning cedhak kali ditakoni, weruh klambine ibune apa ora, ning ora padha ngerti. Bawang Putih ngetutke arus kali mau nganti ketemu karo mbah-mbah, jenenge Mbah Parni. Mbah Parni weruh lan wis jupuk klambine kuwi amarga klambine Mbok Randa apik kanggo dheweke. Bawang Putih nyoba ngrayu-ngrayu mbah kuwi nganti gelem ngwenehi klambine Mbok Randa. Akhire Mbah Parni gelem karo sarat, Bawang Putih gelem ngresiki omahe. Karo ati sing seneng, Bawang Putih gelem nrima sarat kuwi.
          Akhire Bawang Putih wis rampung ngresiki omahe Mbah Parni. Banjur Mbah Parni ngwenehi klambine Mbok Randa lan Bawang Putih dipeksa kon gawa waloh. Bawang Putih dikon mileh waloh sing gedhe apa sing cilik. Bawang Putih milihe sing cilik. Banjur Bawang Putih pamitan karo Mbah Parni lan mulih ana ing omahe.
          Tekan omah, Bawang Putih diamuk-amuk karo Mbok Randa lan Bawang Merah amarga muleh nganti wayah bengi lan gaweyan omah durung bar kabeh. Ngerti yen pas kuwi Bawang Putih gawa waloh, Bawang Merah langsung jupuk waloh kuwi saka tangane Bawang Putih banjur dibanting ana ing ngisor. Mbok Randa, Bawang Merah, lan Bawang Putih kaget merga ing jerone waloh kuwi ana emas, berlian, intan, lan permata. Mbok Randa lan Bawang Putih banjur takon kok iso nemu waloh sing isine emas, banjur Bawang Putih nyritake kadadeyan mau.
          Isuke Mbok Randa ngongkon Bawang Merah nglakoni kayata sing dilakoni Bawang Putih wingi. Dheweke jarak ngintirke klambine Mbok Randa lan ditutke nganti ketemu mbah-mbah sing jenenge Mbah Parni. Bawang Merah akhire ketemu sing jenenge Mbah Parni, lan Mbah Parni uga sing jupuk klambine Mbok Randa mau. Dheweke gelem ngwehna klambine Mbok Randa yen Bawang Merah gelem ngresiki omahe. Ning Bawang Merah ora gelem lan meksa ngwehna waloh gedhe sing ana ing jero omahe Mbah Parni. Mbah Parni banjur ngwehna klambine Mbok Randa lan ngwehna waloh sing ukurane gedhe banget. Bayangane wis ora sabar, ngeti isine sing kebak emas, permata, berlian, lan inten. Tekan omah, Bawang Merah karo Mbok Randa banting waloh kuwi ning ngisor. Nanging isine ora emas, malah jerone akeh ula sing ana racun bisane. Akhire Mbok Randa lan Bawang Merah mlayu merga digudhak karo ula-ula mau, lan sadar karo sikape sing wis ora apik karo Bawang Putih. Bawang Putih wis ikhlas maafke kabeh kesalahane Mbok Randa lan Bawang Merah.

SINOPSIS JAKA KENDIL

      gambar : http://dongeng1001cerita.blogspot.co.id


          Ing sawijining dina, ana bocah sing awake cendik, lemu, kaya kendi. Para warga biasa ngundang Jaka Kendil. Senajan kanca-kancane ora seneng kekancan karo Jaka Kendil, ibune Jaka Kendil tetep sayang karo anake. Jaka Kendil bocah sing manut karo ibune, seneng guyon, nanging Jaka Kendil uga nakal. Jaka Kendil jarak lunga ana ing pasar, banjur lungguh jejer karo bakul jajanan. Kadang bakul jajane ora sadar yen dokok jajanan ana ing dhuwur sirahe Jaka Kendil. Banjur Jaka Kendil mulih lan gawa jajanan sing didokok ning dhuwur sirahe kuwi. Ibune ngamuk-ngamuk merga ngira yen Jaka Kendil maling jajanan kuwi. Banjur Jaka Kendil uga jelaske yen dheweke dikira kendil, merga kuwi akeh sing dokok panganan ning sirahe. Ibune sing asale ngamuk mung mesem wae lan ngandani anake besok aja kaya ngene maneh, opo maneh jarak lunga ning pasar dhewe.
          Banjur Jaka Kendil wis gedhe, Jaka Kendil jaluk marang ibune kapengen dikawinke karo anake Raja. Ibune kaget karo penjalukane anake sing kayane ora mungkin kedadeyan kuwi. Amarga sayang karo Jaka Kendil, ibune nyoba nuruti kapinginane. Banjur ibune lan Jaka Kendil lunga ana ing kerajaan madhep karo Raja. Ibune ngomong ning Raja babagan niyate dheweke mrono karo Jaka Kendil. Nanging Raja sing bijaksana kuwi nampa lamaran Jaka Kendil banjur ditakoke disek karo 3 anak-anake. Anak kesiji lan keloro ora gelem nampa lamarane Jaka kendil, ananging anake raja sing ragil, gelem nampa lamarane.
          Akhire Jaka Kendil karo anak ragile Raja kawin lan Jaka Kendil melu manggon ana ing kerajaan. Raja lan bojone iso nrima apik anane Jaka Kendil dadi mantune. Nanging, anak Raja kesiji lan keloro malah seneng ngelek-elek Jaka Kendil ning ngarepe anak ragil. Anak ragil kuwi mung iso sabar lan nyoba nrima kanyataane.
          Ing sawijining dina, Raja arep ngadakake lomba manah. Sing melu uga kesatria ana ing kerajaan-kerajaan liyane. Nanging anake Raja sing ragil mung iso pasrah merga bojone, Jaka Kendil ora iso melu lomba kuwi. Pas lomba wis dimulai, ana salah siji kesatria sing bagus rupane lan awake gagah. Dheweke menangke ana lomba manah kuwi. Anake Raja sing kesiji lan keloro seneng karo kesatria kuwi banjur ngelek-ngelek Jaka Kendil maneh ning ngarepane adhine. Anake Raja sing ragil banjur mlebu kamar lan nangis, karo banting kendi sing ana ing kana. Let sedhiluk ana sing mlebu kamare, kesatria sing menang mau banjur ngrangkul anak ragile Raja, karo crita yen sebenere dheweke kuwi Jaka Kendil. Anak ragile Raja seneng dungu kuwi banjur urip tentrem karo Jaka Kendil. Anak kesiji lan keloro ora nduga lan jaluk ngapura karo Jaka Kendil lan adhine.
         

SINOPSIS JAKA TINGKIR



gambar : www.joko-tingkir.com

          Jaka Tingkir, yaiku wong keturunan Majapahit sing nduweni kesaktiyan. Anake Kebo Kenanga lan Ki Ageng Pengging iki seneng tapa lan hal-hal sing mambu gaib. Jaka Tingkir sregep tapa kanggo narik pusaka ampuh, amarga iku Jaka Tingkir iso nakluke lawan-lawane. Ora mung nakluke lawan, wadon-wadon uga akeh sing seneng dheweke, ya merga nganggo pelet sing disinauni Jaka Tingkir. Dheweke dadi ketuane Pasukan Pengawal Sultan ana ing Demak. Ing jaman semono, sultan Demak uga dicekel karo Sultan Trenggana. Sultan Trenggana seneng karo Jaka Tingkir lan rumangsa aman yen dikawal karo Jaka Tingkir.
          Ing sawijining dina, Sultan Trenggono rumanca kuciwa karo Jaka Tingkir banjur diusir saka istana. Lan bareng diusir, Jaka Tingkir berguru ana ing Ki Ageng Banyu Biru, yaiku guru spiritual Shiva buddha. Ki Ageng wenehi kekuatan lan siasat kanggo Jaka Tingkir supayane iso balik maneh ana ing kerajaan Demak. Banjur, Jaka Tingkir diewangi karo kanca-kancane lan pasukan saka Majapahit kanggo ngatur siasat nyerang ing Kerajaan Demak. Banjur mengko Jaka Tingkir teka lan nylametake kerajaan Demak, supayane iso dadiangkat dadi penguasane tanah Jawa. Akhire Jaka Tingkir iso balik ning kerajaan lan entuk kepercayaan maneh saka Sultan Trenggana. Banjur diangkat dadi Adipati ana ing daerah Pajang lan sawijining dina ngadekake Kerajaan Pajang sakwise Kerajaan Demak mati.


Selasa, 10 November 2015

SINOPSIS JAKA TARUB

         
gambar : www.cerkakbahasajawa.com


           Mbok Randa duwe anak siji-sijine, jenenge yaiku Jaka Tarub. Jaka Tarub dadi bocah remaja sing gagah lan bagus rupane. Dheweke seneng berburu ana ing alas. Pas dheweke berburu ana kali, dheweke weruh bocah wedok akeh sing padha adus ning kali. Banjur salah sijine slendhang bocah wadon kuwi dijupuk Jaka Tarub. Jubulane wong wadon kuwi bidadari saka khayangan. Bidadari sing jenenge Dewi Nawang Wulan bingung goleki selendhange sing ilang. Amarga dina kuwi wis wayah surup, bidadari-bidadari padha munggah ana ing khayangan lan ninggal Dewi Nawang Wulan dhewe ning kana. Banjur Jaka Tarub metu saka padhelikane lan ngajak Dewi Nawang Wulan bali ana ing omahe.
           Akhire saya suwe, Dewi Nawang Wulan lan Jaka Tarub dadi bebojoan, lan duweni anak siji. Senajan Dewi Nawang Wulan ora bisa balik ning khayangan, nanging dheweke iseh tetep bidadari sing duweni kesaktian. Dheweke iso gawe sega mung nganggo sak glintir beras. Dewi Nawang Wulan iso nglakoni kuwi yen ora ana wong sing weruh. Nanging merga Jaka Tarub penasaran akhire wakul segane dibukak lan Dewi Nawang Wulan keilangan saktine. Dheweke arep masak sega bingung meh nganggo cara apa banjur diajari Mbok Randa. Pas Dewi Nawang Wulan golek kendhi kanggo ngesusi berase, kaget merga nemu slendhange ana ing jero kendhi cilik mau. Jaka Tarub ngaku yen dheweke sing wis dhelike slendhange. Dewi Nawang Wulan kuciwa lan akhire dheweke mileh balik ning khayangan lan ninggalke Jaka Tarub karo anake sing iseh cilik.